Selasa, 05 Mei 2015

Khutbah Jum'at Boso Jowo"Wekdal"

waktu adalah nikmat yang luar biasa
الحمد لله الذي فَرَضَ عَلَى عِبَادِهِ الصَّلَوَاتِ لِحِكَمٍ عَظِيْمَةٍ, وَجَعَلَهَا مُكَفِرَاتٍ لِمَا بَيْنَهُنَّ صَغَائِرَ الذُّنُوْبِ الْأَوْزَارِ
وَ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,  أَرْسَلَهُ بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ بَشِيْراً وَنَذِيْراً, وَدَاعِياً إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ وَسِرَجاً مُنِيراً, صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَأَلِهِ وَأَصْحَاَبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ وَسَلّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْراً.
أَمَّا بَعْدُ: فَياَ عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ تَعَالَى وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِى الْقُرْأَنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : يَأيُّهاَ الَّذِيْنَ اَمَنوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاَتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang taksih paring nikmatipun arupi keimanan lan ugi ketaqwaan, sehingga kulo soho panjenengan sedoyo saget nindakaken panggilanipun Allah SWT. arupi sholat Jum’at.
Jama’ah jum’ah رَحِمَكُمُ الله
Wonten kesempatan meniko, kulo wasiat dumateng awak kulo piyambak dan ugi dumaten panjenengan sedoyo, sumonggoh ningkataken تَقْوَى اللهِ, taqwa dumateng ngersanipun Allah SWT. Inggih puniko ngelampahi perintahipun Allah SWT. Lan nebihi ingkang sampun dipun larang dening Allah SWT. keranten kalian تَقْوَى اللهِ meniko, kito saget selamet gesang wonten alam dunyo lan ugi wonten akhirat.
Jama’ah jum’ah رَحِمَكُمُ الله
Sebagaimana dipun raosaken sedoyo manungso, bilih salah setunggalipun nikmat ingkang mboten pati kraos inggih menika anugrah arupi wekdal utawin waktu. Sedoyo manungso, nopo kemawon kahananipun, nopo kemawon pendamelanipun lan nopo kemawon jabatan lan ugi tanggungjawabipun, sedoyo namung diparingi Allah SWT. wekdal kathahipun 24 jam, mboten lebih. Antawisipun tiyang sugih lan tiyang mboten sugih, wekdalipun sami 24 jam. Bahkan presiden pun ingkang mikiraken tiyang setunggal Negara, wekdalipun tetep kathahipun 24 jam.
lan macem – macem tiyang ingkang mensikapi anugrah arupi wekdal niki. Wonten ingkang nggadah semangat kerja tinggi, ngantos wekdal 24 jam meniko kados – kadose kirang, lan bila perlu ditambah, keranten kesibukanipun, serasa tidak cukup jika hanya diselesaikan dalam 24 jam. Wonten ingkang merasa wekdalipun terlalu panjang. Dados wekdal ingkang 24 jam menika, namعng didamel kegiatan – kegiatan ingkang kirang maedahi kagem awake piyambak lebih – lebih kangge tiyang lintu. Wonten tiyang ingkang saget manfaataken wekdal menika saestu – estu, dados mboten sampek tiyang kala wau, ngroso kekirangan wekdal lan ugi mboten nganti ngroso kakean wektu longgar.  Salah setunggalipun maqolah :
الوقت كالسيف إن لم تقطعه قطعك, ونفسك إن لم تشغلها بالحق وإلا شغلتك بالباطل
wekdal minongko pedang. Lamun siro ora nganggo sak apik – apike, yekti bakal nugel awak siro dewe. Lan umpama sira ora ketungkul/ sibuk marang barang keapikan, mangka bakal ketungkul marang barang kang ora ono gunane.”
Jama’ah jum’ah رَحِمَكُمُ الله
Umpami dipun angen- angen, hamper merata, kathah-kathahipun tiyang, menawi mboten wonten kegiatan, wekdalipun telas wonten ngajengipun televisi. TV meniko sampun dados kegiatan rutin, ingkang  menyita wekdal. Umpami dipun taker, wekdal 24 jam meniko, sekitar rata – rata 3-4 jam telas wonten ngajengipun TV. Berarti dalam 1pekan (7hari), umur kito sejumlah 24 jam hari utawi 1 hari, wonten ngajengipun TV.
Jama’ah jum’ah رَحِمَكُمُ الله
saking Ibnu ‘Abbas radhiyallahu ‘anhuma, Rasulullah shallallah ‘alaihi wa sallam paring nasihat:
اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ : شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَ صِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَ غِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ وَ فَرَاغَكَ قَبْلَ شَغْلِكَ وَ حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ
manfaatno barang limo sak durunge ketekan barang limo
(1) Wektu jik enom sakdurunge ketekan wektu tuo, (2) Wektu sehat sakdurunge ketekan wektu lara/sakit, (3) Mangsa sugih sakdurunge ketekan mangsa fekir, (4) Mangsa longgar sakdurunge ketekan mangsa sibuk, (5) lan kesempatan urip sakdurunge ketekan pati.
Kadang wektu ora kroso melampahipun. Nopo maleh zaman tambah akhir, meniko wekdal kraosipun cuepet. Menawi mboten dipun atur sak estu –estu, wekdal meniko akan cepat berlalu begitu saja.
Jama’ah jum’ah رَحِمَكُمُ الله
Saking sedoyo meniko, perlu pemilahan ingkang tepat, pundi ingkang perlu dilaksanaaken rumiyin, lan pundi ingkang akhir. Wonten setunggalipun maqolah ngaturaken:
اعمل لدنياك كأنك تعيش أبدا ، و اعمل لآخرتك كأنك تموت غدا
“usahao kanggo panguripan ing dunyo koyo – koyo’o urip sak lawase, tapi ngamallo utawi usahao kanggo akhiratmu koyo – koyo’o siro bakal mati sesok. Niki artosipun bilih urusan akhirat harus didahulukan keranten urusan akhirat, pilihanipun namung hari ini mawon, benjing sampun pejah, oleh karena itu harus dilaksanakan sesegera mungkin, tapi urusan dunyo saget dipun tunda kangge kepentingan akhirat, keranten gesang ten alam dunyo meniko kados – kadoso gesang sak lawase, arstosipun kesempatanipun masih sangat longgar.
Saking meniko, supadoso kulo soho panjenengan sedoyo selalu menempatkan urusan akhirat lebih utama, supados selalu pinaringan anugrah lan keberkahan gesang ten alam dunyo, lebih – lebih kangge akhirat kelak.  Amin, ya robbal ‘ alamin.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم :  ÎŽóÇyèø9$#ur ÇÊÈ   ¨bÎ) z`»|¡SM}$# Å"s9 AŽô£äz ÇËÈ   žwÎ) tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#qè=ÏJtãur ÏM»ysÎ=»¢Á9$# (#öq|¹#uqs?ur Èd,ysø9$$Î/ (#öq|¹#uqs?ur ÎŽö9¢Á9$$Î/  .
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah Kedua :
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا{
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا{
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ, وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِى العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمُوْا الصَّلاَةَ.

1 komentar: